Kula Nyuwun Pangayoman Dhumateng Gusti Allah saking panggodhaning syetan ingkang dipun ranjam
Kanthi Asma Dalem Allah Dzat Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih
Sadaya puji lan pangalembana muhung kagungan Dalem Allah Dzat ingkang angaratoni sadaya ngalam
Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih
Ingkang angratoni benjang ing dinten piwales
Namung dhateng Tuan (dhuh Allah) kula manembah, lan namung dhumateng Tuwan (dhuh Allah) kula nyuwun pitulungan.
Mugi katedahna ing kula marg ingkang jejeg lan leres
inggih punika margining kawula Paduka ingkang nampi peparing ni'mat
sanes margining para ingkang nampi bebendu
lan sanes margining para ingkang sasar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar